Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Gusti Nurul Kamaril Seda

Gusti Nurul Kamaril Seda

Solo, www.jogjatv.tv – Jagat seni tari lan warga Surakarta kecalan empu tari lan emansipasi wanita Gusti Nurul Kamaril. Gusti Nurul Kamaril seda yuswa 94 taun, dinten Selasa (10/11) lan dipun sarekaken dinten Rebo (11/11). Minangka jejering putri Sri Mangkunegara VII , Gusti Nurul Kamaril nampi pakurmatan pungkasan ing Pura Mangkunegaran, dening ewonan sentana dalem sarta masyarakat. Penjabat Walikota Surakarta, Budi Suharto monjukaken donga lan asung pakurmatan pungkasan makili warga Kitha Surakarta. Wanci jam 11.30 WIB, layonipun Gusti Nurul Kamaril dipun bidhalaken dhateng Astana Girilayu Matesih.

Miturut cathetan sejarah, nalika yuswa 15 taun, ing taun 1936, Gusti Nurul Kamaril katuran rawuh dhateng Istana Nordeinde Walandi kangge mbeksa salebeting pawiwahan putri Ratu Wilhelmina, inggih Ratu Juliana. Salebeting kalodhangan kasebat, Gusti Nurul Kamaril dipun sebat “De Bloem Van Mangkunegaran”, elokipun nalika mbeksa ing Istana Nordeinde, gending pangiring dipun ungelaken ing Mangkunegaran lan dipun giyaraken lumantar radio.

Miturut Salah satunggaling Putri Kraton Surakarta, Gusti Kanjeng Ratu Alit, swargi Gusti Nurul inggih Putri Mangkunegaran ingkang ngedab-edabi ing jamanipun. Awit saking punika, para mudha jaman samangke kaajab nulad pribadhi Gusti Nurul salebeting ngleluri kabudayan. ( Tim Liputan )

Share this with friends

Comments are closed.