Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Gunungkidul Kaangkah Dados Teleng Taneman Kakao

Gunungkidul Kaangkah Dados Teleng Taneman Kakao

Gunungkidul, www.jogjatv.tv – Taneman kakao utawi coklat sampun mataun-taun dados taneman unggulan ing Kabupaten Gunungkidul mliginipun ing Kecamatan Pathuk. Emanipun para petani anggenipun nyade kakao namung mirah, awit dipun sade mentah, reginipun gangsal ewu ngantos sedasa ewu rupiyah saben kilo. Anut pangrembakaning teknologi, samangke Kabupaten Gunungkidul sampun saged ngocal isi kakao dados produk ingkang ageng pengaosipun, antawisipun permen coklat, bubuk minuman coklat lan  produk olahan kakao damelan kelompok masyarakat. Tanggap dhateng kawontenan kasebat, Dinas Kehutanan dan Perkebunan Kabupaten Gunungkidul, nanem  kakao dhateng Desa Tawarsari, Kecamatan Wonosari ingkang wiyaripun 1 hektar kangge ngindakaken produksi kakao. Samangke masyarakat wiwit greget lan tumemen  ngupakawis taneman kakao awit bebatheni.

Sawetawis wekdal kapengker, Kabupaten Gunungkidul kasembadan dados juara pengolahan kakao tingkat nasional. Kanthi saya wiyaripun laladan ingkang dipun tanemi kakao lan mindhakipun produksi kakao kaajab badhe ndayani mindhakipun  karaharjan masyarakat.

Kepala Dinas Kehutanan dan Perkebunan DIY R Sutanto nyengkuyung menawi Kabupaten Gunungkidul badhe dipun  dhapuk dados teleng kakao, awit papanipun trep kangge  budidaya taneman kakao. Tansaya samangke saya kathah  kelompok masyarakat ingkang kreatif kanthi memitran kaliyan lembaga penelitian antawisipun LIPI anggenipun ngocal lan  ngrembakaken kakao supados ageng pengaosipun. ( Anjar Ardityo )

Share this with friends

Comments are closed.