Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Goyang Cuci Tangan Pakai Sabun Untuk Kesehatan

Goyang Cuci Tangan Pakai Sabun Untuk Kesehatan

Klaten, www.jogjatv.tv – Kangge mujudi pola hidup bersih dan sehat masyarakat, Dinas Kesehatan Klaten Jawa Tengah tansah nggrengsengaken kampanye hidup bersih, antawisipun kanthi gerakan cuci tangan pakai sabun. Supados langkung gampil dipun tampi sarta narik kawigatosanipun masyarakat, gerakan cuci tangan dipun biwarakaken kanthi cara ingkang mranani.

Para ibu karyawan kesehatan sarta rumah sakit ing tumut lomba gerakan cuci tangan pakai sabun demi kesehatan Pendhapi Setda Klaten Jawa Tengah. Supados narik kawigatosan, gerakan cuci tangan pakai sabun dipun reka sinartan maneka goyangan sarta lagu ingkang samangke nedheng dipun gandrungi dening masyarakat.

Lomba dipun gelar ugi kangge mengeti Hari Kesehatan Nasional ingkang kaping 51. Wijik mawi sabun inggih wigati awit dayaning sabun saged kangge ngicali lan mejahi kuman, nglunturaken rereged, lisah lan lemak saking kulit. Kanthi wijik mawi sabun saged dados sarana kangge ngawekani maneka sesakit menular.

( Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.