Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

FOTOGRAFER PENGGALANGAN DANA

FOTOGRAFER PENGGALANGAN DANA

Solo, Jawa Tengah www.jogjatv.tv Tiga fotografer saking Solo Jawa Tengah, nggelar wohing pakaryanipun dhateng gumelaring Solo Car Free Day. Kridha punika kangge penggalangan dana ingkang badhe dipun sumbangaken kangge mbiyantu korban kabut asap ing Riau.

Kadereng raos prihatos dhateng panandangipun warga masyarakat ingkang dados korban kabut asap ing Riau, tiga fotografer ing Solo Jawa Tengah, nggelar pameran fotografi dhateng gumelaring kridha Car Free Day, kanthi irah-irahan “Rasakan Rasanya”. Kridha punika minangka representasi konseptual ingkang kaajab saged mbikak wawasanipun para pamirsa pameran dhateng panandhangipun para korban kabut asap ing Riau. Kejawi mameraken wohing pakaryanipun, para fotografer kasebat ugi nyade kartu pos fotografi. Kartu pos ukuran alit dipun bandrol regi Rp. 5.000 dene ingkang ukuran ageng Rp. 10.000. Asil panyadening kartu pos punika badhe dipun sumbangaken dhateng para korban kabut asap ing Riau lumantar PMI Cabang Solo, kanthi dipun wujudaken masker. ( Heru Kristyanto )

Share this with friends

Comments are closed.