Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Festival Srandhul

Festival Srandhul

Klaten, www.jogjatv.tv – Dinas Pariwisata Pemuda dan Olah Raga tembayatan kaliyan Dewan Kesenian Kabupaten Klaten nggelar Festival Srandhul taun 2016. Kridha punika ancasipun kangge memetri lan ngrembakakaken seni srandhul ingkang samangke saya langka.

Ketua Dewan Kesenian Kabupaten Klaten, Setiawan mratelakaken, srandul inggih kagunan seni tradisional kadosdene sandiwara. Kesenian punika adhedhasar saking seni kerakyatan, kanthi lampahan lampahan ingkang gayut kaliyan perkawis kemasyarakatan. Salah satunggal ciri mathi srandhul inggih punika wontenipun oncor ingkang dipun tancebaken dhateng tengah papan pagelaran dene antawisipun paraga inggih saged dialog langsung kados limrahipun sandiwara. Kejawi punika para pengrawit ugi saged nimbrung tumut wawan pirembagan. Srandhul saged dipun gelar dhateng maneka kalodhangan, kadosta salebeting lampah adicara utawi upacara ingkang gayut kaliyan olah tetanen, kanthi wekdal ingkang luwes miturut kabetahan. Rumiyin, srandhul inggih saged kangge sarana panglipur nalika mangsa paceklik. Samangke seni srandhul ing klaten saya langka. Awit saking punika dewan kesenian tembayatan kaliyan pemerintah daerah mbudidaya kanthi nggelar festival srandhul.

Kaajab kanthi festival srandhul punika saged kangge suka wadhah dhateng para seniman srandhul kangge kiprah ngiras ugi kangge memetri budaya. Festival srandhul samangke dipun estreni dening wolung paguyuban, wiwit saking lare ngantos tiyang diwasa. ( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.