Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Festival Gejog Lesung

Festival Gejog Lesung

Sragen, www.jogjatv.tv – Warga Desa Tanggan, Gesi, Sragen, Jawa Tengah, nggelar Festival Gejog Lesung. Lampahing festival pikantuk tanggapan gumathok saking masyarakat, katitik saking kathahipun pamupu festival kepara kathah warga saking sajawining rangkah,ingkang mupu festival.

Nalika taun 70nan ngantos  wolung dasanan, para petani  nutu pantun ngginakaken lesung.  Lon-lonan   lesung saya kadhesuk pangrembakaning jaman lan ing jaman modern samangke warga racakipun nanjakaken ladosan gilingan pantun.

Miturut salah satunggaling warga, Sudiman, Festival Gejog  Lesung badhe ajeg dipun gelar, kangge ngregengaken pengetan Dinten Kamardikan Nagari Rebuplik Indonesia. ( Heru Kristiyanto )

 

Share this with friends

Comments are closed.