Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Festival Budaya Menoreh

Festival Budaya Menoreh

Kulonprogo, www.jogjatv.tv – Dinas Kebudayaan Kabupaten Kulonprogo, nggelar Festival Budaya Menoreh, sesirah Mangesti Aruming Bumi Menoreh. Ancasipun kangge ngregengakenpengetan ambal warsa Kabupaten Kulonprogo ingkang kaping 65.  Festival dipun sengkuyung  20 kabupaten/kota  sa DIY lan wewengkon tapel wates.

Festival Budaya Menoreh dipun gelar ing Plataran Rumah Dinas Bupati Kulonprogo. Festival dipun sengkuyung dening 20 kabupaten kota sa DIY sarta wewengkon tapel wates antawisipun Kebumen , Banyumas , Cirebon lan Propinsi Banten.

Festival Budaya Menoreh rerangken pengetan ambal warsa Kabupaten Kulonprogo , mboten namung dados kalodhangan kangge nepangaken kagunan seni budaya saking Kulonprogo kemawon nanging ugi saking wewengkon sanes.dene ancasipun Dinas Kebudayaan mendhet irah-irahan Magesti Aruming Bumi Menoreh kangge njurung masyarakat supados greget memetri lan ndayakaken kaskaya  Kabupaten Kulonprogo utawi Bumi Menoreh,

Kajawi punika Festival Budaya Menoreh ugi dados kalodhangan kangge  silaturahmi ing antawisipun para pelaku seni budaya  saking sawetawis wewengkon. ( Rida Junyanto )

Share this with friends

Comments are closed.