Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Ewonan Warga Shalat Istisqo’

Ewonan Warga Shalat Istisqo’

Bantul, www.jogjatv.tv – Kadereng raos prihatos awit tumempuhing bencana kabut asap dhateng sawetawis wewengkon Sumatera lan Kalimanta sarta kathah warga ingkang kekirangan toya. Pemerintah Kabupaten Bantul sesarengan kaliyan kodim nol-tujuh-dua-sembilan, ngadani shalat istisqo’ ing Lapangan Trirenggo Bantul.

Shalat Istisqo’ dipun tindakaken dening ewonan umat muslim ing bantul , inggih para PNS Pemkab Bantul, warganing Kodim 0729, pegawai Dinas Pendidikan lan masyarakat dene ingkang jumeneng imam lan khatib, inggih ketua MUI Bantul, Abdul Khaliq Syifa.

Salebeting khutbahipun, Abdul Khaliq Syifa ngajak sedaya warga Bantul, dedonga dhumateng gusti supados tumuli nedhakaken jawah kangge nyuda pangaribawa mangsa ketiga sarta bencana kabut asap ing Kalimantan lan Sumaera.

Wondene Sekda Bantul, Riantono ngajak supados warga Bantul pangrasuk agama islam mertobatsarta nindakaken shalat istisqo’, kangge nyuwun tumuruning jawah. Sinaosa boten sedaya wewengkon   Bantul kekirangan toya nanging ing mangsa ketiga samangke, warga ingkang dumunung ing tlatah pareden kangelan pados toya resik.

( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.