Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Dinten Sepisanan Sekolah, Siswa Nyuwun Donga Pangestu

Dinten Sepisanan Sekolah, Siswa Nyuwun Donga Pangestu

Klaten, www.jogjatv.tv – Maneka kridha dipun gelar ing dinten sepisanan mlebet sekolah.  Siswa Smp Negeri  7 Klaten , nyuwun donga pangestu,dhateng para guru amrih rancag anggenipun ngudi ngelmi sadangunipun setaun.

Sasampunipun upacara bendera, siswa SMP N 7 KLATEN nyuwun donga pangestu dhateng para guru lan karyawan sekolah, kanthi jawat asta . Tradisi kados makaten ajeg dipun tindakaken saben sepisanan mlebet sekolah tahun ajaran baru .

Siswa Sungkem Lan Ngedum Kuweh Lebaran

Solo

Mlebet sepisanan taun ajaran baru samangke,  siswa SDIT ing tlatah Solo, Sjawa Tengah sungkem  dhateng para guru lan  ngedum kuweh lebaran. Kanthi tumemen  siswa kelas satunggal  ngantos kelas tiga nyuwun pangaksami dhateng para guru.

Miturut  salah satunggaling guru ing dinten sepisanan mlebet sekolah siswa dipun ajak silaturahmi kaliyan kanca lan  para  guru. ( Tim Liputan )

Share this with friends

Comments are closed.