Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Dinbud DIY Nggelar Pelatihan Seni Dan Budaya

Dinbud DIY Nggelar Pelatihan Seni Dan Budaya

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Dinas Kebudayaan Daerah Istimewa Yogyakarta, nggelar Pelatihan Seni dan Budaya sadanguning kalih dinten. Kridha ingkang dipun estreni dening 100 pasarta utusan saking sekawan kabupaten lan kota ing DIY.

Miturut Kepala Dinas Kebudayaan DIY, Umar Priono, pelatihan seni budaya ing DIY inggih mujudaken kupiya kangge ngindhakaken kasagedanipun SDM pembina lan pelaku seni ing DIY minangka salah satunggaling Program Pengelolaan Keragaman Budaya. Kaajab kridha kasebat saged dados sarana kangge apresiasi seni, kreatifitas, inovasi lan nyipta suwasana ingkang guyub rukun antawisipun para seniman lan pelaku seni ing DIY. Kejawi punika, kridha kasebat ugi dados ajang cecawisan kangge seleksi Parade Tari Nusantara tataran DIY wulan Juli benjing dene tumrap ingkang sasab, badhe dipun kintun dhateng tataran nasional ing Jakarta, wulan Agustus benjing.

 

Salebeting kepyakan wiwitipun Pelatihan Seni dan Budaya ing Pendhapi Kantor Dinas Kebudayaan DIY, ugi dipun gelar Sendratari Satriya Selarong lan Tari Dewi Sri. Sednratari Satria Selarong inggih tari gagrag enggal ingkang nyariyosaken kepahlawanan prajuritipun Pangeran Diponegoro nalika mengsah penjajah Walandi dene pagelaran Tari Dewi Sri, mralambangaken sesambetan ingkang supeket antawisipun para petani lan Dewi Sri minangka Dewi Kemakmuran. (Purwanto)

Share this with friends

Comments are closed.