Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Digitalisasi Arsip

Digitalisasi Arsip

Bantul, www.jogjatv.tv – Kantor Arsip Bantul nindakaken  digitalisasi arsip umum . Dokumen lan foto lampahing  pembangunan daerah  dipun rekam lan dipun biwarakaken  lumantar   Website Jaringan Informasi Kearsipan Nasional ( JIKN).

Yektinipun Jaringan Informasi Kearsipan Nasional  ( JIKN) sampun dipun kepyakaken pungkasan taun 2014 kapengker nanging Kebupaten Bantul saweg  ngecakaken progam kasebat taun 2016 samangke. Kanthi  Website JIKN.go.id , Kantor Arsip Daerah Bantul biwarakaken maneka kridha ingkang lumampah. Foto lan dokumen  pemda dipun unggah dhateng internet supados saged  dipun akses ngantos tataran nasional. Kepyakan JIKN lan SIKN ing Bantul , dipun tindakaken dening  Bupati Bantul,Suharsono .

Miturut Kepala Kantor Arsip Bantul, Partini pehakipun gadhah gagasan biwarakaken kridha pemkab lumantar online supados gampil dipun akses masyarakat awit gantos samangke arsip daerah taksih wujud dokumen fisik pramila namung dipun tumpuk dhateng depo arsip daerah  kamangka  arsip kasebat yektinipun saged dipun akses masyarakat. Kanthi makaten, digitalisasi arsip badhe gampilaken masyarakat salebeting ngakses arsip daerah lumantar jaringan internet . ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.