Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

DEBIT IRIGASI SUSUT

DEBIT IRIGASI SUSUT

Sleman, DIY www.jogjatv.tv Mangsa ketiga samangke njalari debit toya irigasi dhateng sawetawis ilenan irigasi tlatah Sleman, susut sakalangkung kathah. Nanging awit miturut pandugi sampun badhe tumapak mangsa rendheng, pramila pasabinan ingkang sampun keleban toya, mliginipun ingkang caket kaliyan ilenan irigasi, racak sampun wiwit dipun tanemi pantun.

Miturut Kepala Dinas Sumber Daya Air dan Mineral, Dinas SDAEM Kabupaten Sleman, Widi Sutikno, ing mangsa ketiga samangke toya Lepen Progo ingkang mlebet dhateng intake saluran Selokan Mataram lan Vanderwic susut sakalangkung kathah. Debit toya ingkang padatan 15 – 16 m3/detik samangke kantun 9 m3/detik. Tundhanipun, prasasat sedaya saluran irigasi ing Sleman debit toyanipun susut antawis 40 – 70 %. Nanging awit BMKG Yogyakarta sampun gadhah pandugi tumuli badhe tumapak mangsa rendheng, pramila para petani ing Sleman samangke kathah ingkang sampun wiwit nanem pantun, mliginipun dhateng pasabinan ingkang caket ilenan irigasi. Wondene sabin ingkang garing racak inggih namung dipun berakaken.

Widi Sutikno ugi mratelakaken, kathahipun ilenan irigasi ingkang asat, njalari para kadang tani lajeng damel sumur dhateng pasabinanipun. Kejawi punika ugi wonten petani ingkang ngocori pasabinanipun nanjakaken mesin pompa toya kanthi mendhet toya saking ilenan irigasi.  ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.