Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Darmacanti Nyepi Warsa Enggal 1938 Caka

Darmacanti Nyepi Warsa Enggal 1938 Caka

Klaten, www.jogjatv.tv – Watawis sewu umathindhu ing Klaten Jawa Tengah, nindakaken upacara dharmacanti dhateng pendhapi Pemkab Klaten, minangka rerangken Riyadi Nyepi Warsa Enggal 1938 Saka. Upacara ingkang ajeg dipun adani sasampunipun nindakaken nyepi punika inggih minangk sarana ajang silahturahmi lan simakrama antawisipun Umat Agama ing Klaten.

Salebeting darmawacana, Anak Agung Ketut Darmaja, mratelakaken, darmacanti inggih sarana kangge nikelaken kapitadosan keimanan Umat Hindhu dhateng ngarsaning Ida Sang Hyang Widi Wasa, gusti ingkang maha tunggal. Lumantar upacara punika, Umat Hindhu kaajab langkung saged mulat salira hangrasa wani. Salebeting kawontenan ingkang sarwa winates, umat dipun engetaken supados tansah nengenaken pasrawungan lan tepaselira, satemah gesang ing tengah masyarakat saged laras lan tentrem. Kadosta samangke kathah tuwuh faham radikalisme ingkang saged ngancam dhateng Persatuan Kesatuan Bangsa Indonesia. Awit saking punika, Umat Hindu kedah tansah nggegegi dhateng Pancasila.

Upacara punika ugi dipun estreni dening umat lintas Agama lan para Sesepuh Masyarakat lan Pejabat ing wewengkon Pemkab Klaten. Bab punika minangka tandha bilih tri kerukunan umat bergama ing Klaten lumampah laras lan kedah dipun gegegi. Ing pungkasaning upacara dipun gelar sendratari bambangan cakil lan panakawan. ( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.