Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Damel Teropong Saking Kerdus Bekas

Damel Teropong Saking Kerdus Bekas

Magelang, www.jogjatv.tv – Ndungkap dumadosing grahana srengenge total, puluhan para Siswa Sekolah Dasar Muhammadiyah 1 Alternatif (Mutual) Kota Magelang, ajar damel teropong gerhana matahari saking kerdus bekas. Kangge damel teropong punika, siswa kedah nyawisaken maneka bahanipun langkung rumiyin, kadosta kerdus bekas, gunting, kertas, isolasi sarta alumunium foil.

Cara damelipun kawiwitan kanthi mbikak perangan ngandhap kerdus dipun lapis kertas pethak kanthi ancas kangge nutup sedaya celah cahaya. Ing perangan nginggil, kerdus dipun potong ing kalih praenipun, lan dipun sisani ing perangan tengah. Salajengipun dipun tutup ngginakaken aluminium foil lan dipun bolongi mawi dom, dene perangan sanes dipun bikak kangge ningali dumadosing grahana srengenge.

Kangge mangertosi asil saking teropong prasaja kasebat, para siswa nyobi mawi cahyanipun lampu ingkang dipun arahaken dhateng aluminium foil. Menawi wonten titik pethak ateges piranti punika saged dipun ginakaken kangge ningali grahana srengenge.

Nanjakaken dumadosing grahana srengenge ingkang langka punika, inggih dados seserepan enggal tumraping para siswa. Saking perangan sains, siswa badhe sinau nyemak kawontenan alam, dene saking perangan agama siswa saged nindakaken sholat grahana. ( Yuki Pramudia )

Share this with friends

Comments are closed.