Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Damel Selongsongan Kupat

Damel Selongsongan Kupat

Bantul, www.jogjatv.tv – Mahargya Dinten Riyadi Idul Fitri, mesthi boten nglirwakaken kupat. Prasasat saben kulawarga nyawisaken  kupat ing dinten lebaran. Sinaosa makaten, warga racakipun dereng pana dhateng werdining  kupat, kepara  boten saged damel selongsongan kupat.

Welasan Warga Kalipucang Bangunjiwo Kasihan Bantul, mlempak dhateng serambi masjid kangge gladhen damel selongsongan kupat ingkang dipun adani dening takmir masjid. Sinaosa katingalipun gampil nanging  kasunyatanipun kathah ingkang boten saged.

Rukmana, salah satunggaling warga mratelakaken kedah nyobi makaping-kaping kangge damel selongsongan kupat shinto, kangelan anggenipun miwiti nganam, awit januripun lunyu satemah gampil udar.

Wondene Setyo Kuncoro, panggladhi damel selongsongan kupat boten kangelan nuturi tangga tepalihipun. Sauger tlaten, mesthi saged damel kupat ingkang sae lan leres. Tumrap bebrayan jawi kupat yektinipun mengku werdi wigati.  Kupat tegesipun ngaku lepat  pramila dados pangemba apura ing apuran ing dinten riyaya. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.