Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Daftar Tunggu Calon Jamaah Haji 21 Taun

Daftar Tunggu Calon Jamaah Haji 21 Taun

Klaten, www.jogjatv.tv – Laras kaliyan peraturan Menteri Agama bab penyelenggaraan ibadah haji reguler, samangke pendaptar calon jamaah haji anem piyambak umur 12 taun lan warga ingkang sampun nate tindak haji saged ndaptar malih bidhal haji sasampunipun sedasa taun saking anggenipun kondur haji. Awit saking punika, ngantos februari 2016 daftar tunggu calon jamaah haji bidhal dhateng tanah suci dangunipun 21 taun.

Bab kasebat dipun andharaken dening Waznan Fauzi, Kasi Penyelenggaraan Haji Dan Umroh Kementrian Agama Kabupaten Klaten. Kawicaksanan kasebat adhedhasar dhateng Peraturan Menteri Agama (PMA) no 29 tahun 2015 bab penyelenggaraan ibadah haji reguler, ingkang mranata bilih salah satunggal sarat ndaptar haji anem piyambak umur 12 taun. Kejawi punika, jamaah ingkang sampun nate bidhal haji menawi badhe ndaptar haji malih kedah nyrantos sedasa taun sasampunipun kondur haji.

Waznan Fauzi, mratelakaken kuota haji Kabupaten Klaten adhedhasar saking kuota haji Propinsi Jawa Tengah,  gunggung 23.717 jamaah. Dene kangge Kabupaten Klaten taun samangke laras kaliyan cadangan lan lunas tunda,  wonten 730 calon jamaah haji. Kangge daptar tunggu calon haji ing Klaten per Februari 2016 watawis 21 taun lan dipun dugi kangge wulan Maret 2016 daptar tunggu calon jamaah haji ngantos 22 taun.

Fauzi ugi mratelakaken, menawi daptar tunggu jamaah haji boten saged dipun ajengaken utawi dipun undur. Dene ingkang saged dipun ajengaken inggih punika kangge lansia ingkang yuswanipun langkung saking pitungdasa gangsal taun, lan samangke sampun wonten 30 calon jamaah ingkang ngajengaken jadwal bidhal. ( Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.