Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Coblosan Ing Lapas Sleman Kanthi Swasana Jawa

Coblosan Ing Lapas Sleman Kanthi Swasana Jawa

Sleman, www.jogja tv.tv – Coblosan, pemilihan Bupati dan Wakil Bupati Sleman dhateng Lembaga Pemasyarakatan Sleman dipun gelar kanthi swasana jawa. Sedaya petugas ngangge busana adat jawa. Ancasipun kangge njurung supados warga binaan, ngginakaken hak pilih, ngiras kangge ngleluri kagunan budaya tilaran nenek moyang.

Miturut Kepala Lapas Cebongan Sleman, Supriyanto warga binaan Lapas Sleman ingkang kacathet daftar pemilih tetap, tiyang 127 dene ingkang saged ngginakaken hak pilihipun namung 72 jalaran sanesipun sampun medal saking pakunjaran.

Wondene nalika nyemak lampahing coblosan dhateng Lapas Cebongan Sleman, Kepala Kejaksaan Tinggi DIY, Tony Spontana mratelakaken lampahing coblosan dhateng sawetawis lapas ing DIY lumampah rancag.

 

(Subardi)

Share this with friends

Comments are closed.