Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Cerdas Cermat SMP

Cerdas Cermat SMP

Klaten, www.jogjatv. – Kathahipun pelajar ing tlatah Klaten, Jawa Tengah ingkang kembet perkawis hukum, pikantuk kawigatosan saking Kejaksaan Negeri Klaten. Kanthi memitran kaliyan  Dinas Pendidikan, biwara seserepan bab hukum dipun tindakaken, antawisipun lumantar cerdas cermat tataran SMP bab hukum. Cerdas cermat dipun gelar ing pelataran Kejaksaan Negeri Klaten, dene pamupunipun 16 regu saking sawetawis SMP  ing tlatah Klaten, Jawa Tenga. Kridha kasebat inggih rerangken pengetan kaping 56 Hari Bakti Adiyaksa sarta kangge mangertosi seserepan  pelajar babagan hukum, nglajengaken  program Jaksa Masuk Sekolah sawetawis taun pungkasan.

Kepala Dinas Pendidikan Klaten, Pantoro, mongkog dhateng kupiyanipun kejaksaan ingkang grengseng suka  seserepan babagan hukum tumrap pelajar. Kejawi dados  pathokan ngukur seserepan pamupu babagan hukum, cerdas cermat ugi dados kalodhangan kangge ngangkat bakat lan ngasah kalantipanipun  pelajar . ( Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.