Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Cecawisan Ngadhepi Popda, Bantul Nggelar Popkab

Cecawisan Ngadhepi Popda, Bantul Nggelar Popkab

Bantul, www.jogjatv.tv – Kangge pados atlet enggal saking kalangan pelajar, ngiras kangge cecawisan ngadhepi Popda DIY, Kantor Pemuda Dan Olahraga Bantul, wiwit dinten Selasa (23/2), nggelar pekan olahraga pelajar tumrap siswa SD, SMP lan SMA satataranipun. Atusan pasarta Pekan Olahraga Pelajar, wakil saking  17 kecamatan sa-Kabupaten Bantul, tumut apel pembukaan Pekan Olahraga Pelajar Kabupaten Bantul. Sedaya pasarta tumemen tetandhingan supados sasab lan saged makili Kabupaten Bantul majeng Pekan Olahraga Pelajar Daerah DIY, tengahing taun punika. Popkab dipun kepyakaken dening Wakil Bupati Bantul, Abdul Halim Muslih.

Miturut Kepala kantor Pora Bantul, Supriyanto Widodo , Pekan Olahraga Pelajar Kabupaten ajeg dipun gelar setaun sepisan. Salebeting Popda kapengker,  Bantul sasab dados juara umum awit saking punika popda benjing, kontingen Bantul kaajab sageda gadhah prestasi ingkang sami.

(Anang Zainuddin)

Share this with friends

Comments are closed.