Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Career Day Njurung Siswa Inovatif

Career Day Njurung Siswa Inovatif

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Madrasah Mu’allimaat Yogyakarta nggelar Career Day malih. Kridha punika kejawi dipun regengaken stand pawiyatan luhur, ugi mujudaken perangan kupiyanipun sekolah kangge njurung para siswanipun supados langkung kreatif lan inovatif.

Career Day ingkang dipun gelar dinten Kemis (3/11) enjing ing Madrasah Mu’allimaat  Yogyakarta punika dipun regengaken welasan stand saking pawiyatan luhur. Stand-stand kasebat ugi nedahaken akreditasi pendidikan punapadene prestasi ingkang sampun dipun gayuh, ing pangajab saged dados referensi para siswa ingkang badhe nglajengaken pasinaonipun sasampunipun lulus . Salebeting Career Day samangke sawetawis siswa ugi mitontonaken wohing karya ilmiah, salah satunggalipun inggih kreasi busa pencuci piring ingkang mirip salju lan katingal elok.  Pengurus PP Muhamamdiyah Agung Danarto suka pangalembana dhateng bebadan pendidikan Madrasah Mu’allimaat ingkang saged njurung para siswanipun supados langkung kreatif lan inovatif. Bab kasebat awit ing tembe badhe migunani tumrap para siswa piyambak, kalebet bimbingan wirausaha.

Lampahing Career Day regeng kanthi pagelaran maneka panglipur lan adicara sanesipun. ( Hari Atmaja )

Share this with friends

Comments are closed.