Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Candi Gedong Songo

Candi Gedong Songo

Semarang, www.jogjatv.tv – Tumrap pecinta petualang, rumaos boten jangkep menawi dereng dhateng Candi Gedong Songo, ing tlatah Kecamatan Bandungan, Kabupaten Semarang, Jawa Tengah. Candi ingkang miturut pandugi dipun bangun nalika Jaman Hindu kasebat, kapanggihaken dening Sir Thomas Stamford Raffles, taun 1740-an. Supados kemput ngubengi sangang candi, wisatawan kedah malampah 3,5 kilometer, langkung margi rumpil dhateng perenging redi. Pehak pengelola objek wisata Candi Songo ugi nyewakaken kuda tunggang, kanthi tarip Rp 70 ewu. Candi Gedong Songo pancen mirunggan, kajawi dunungipun ing pareden, ugi wonten tuk sumber toya benter ingkang ngandhut lirang ingkang miturut kapitadosan gahdhah daya khasiat kangge ngusadani penyakit kulit.

Swasana ingkang edhum sarta hutan pinus ingkang asri, ndayani wisawatawan jenjem ngenggar-enggar penggalih dhateng papan kasebat, kepara dipun tanjakaken kangge foto.

Gedong Songo kapethik saking basa jawa. Gedong tegesipun wewangunan dene songo inggih wilangan angka, tegesipun 9 wewangunan candi, ingkang dumunung ing pereng Redi Ungaran, Jawa Tengah. Regi karcis mlebet kompleks candhi Rp 7.500,00 saben tiyang dene menawi rombongan Rp 50 .000,0.

 

(Fauzan Ahmad)

Share this with friends

Comments are closed.