Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Bupati Nyemak Lampahing  UN

Bupati Nyemak Lampahing  UN

Sleman, www.jogjatv.tv – Bupati Sleman, Sri Purnomo kaimpingi para pejabat dinas kawogan Pemkab Sleman, dinten Senen (4/4) siyang, nyemak lampahing Ujian Nasional dhateng sekolah ingkang ngadani Ujian Nasional Paper Based Test dene  ing wanci ngaso, siswa SMA Negeri 1 Ngaglik, dipun cawisi tetedhan kangge ngawekani siswa ingkang dereng sarapan.

Bupati Sleman, Sri Purnomo nyemak lampahing Ujian Nasional ing  SMA Negeri 2 Sleman, Sma Negeri 1  Ngaglik lan Sma Negeri 1 Ngemplak. Miturut Sri Purnomo, lampahing Ujian Nasional SMA lan  SMK ingkang ngadani ujian Paper Based Test  lumampah rancag. Soal sinerat cetha, mutuning kertas sae lan cacahipun jangkep dene lampahing Ujian Nasional Berbasis Komputer rancag, listrik ugi boten pejah.

Miturut Kepala Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga Kabupaten Sleman, Arif Haryono, pasarta Ujian Nasional SMA lan SMK ing Sleman taun 2016,  11.433 siswa. Salebeting Ujian Nasional samangke,  siswa ingkang boten lulus, kedah mangsuli ujian taun ngajeng dene tumrap siswa ingkang boten saged tumut ujian jalaran  wonten alangan  dipun sukani kalodhangan tumut ujuan susulan, minggu ngajeng.

Pasarta Ujian Dipun Cawisi Tetedhan

Sleman, www.jogjatv.tv – Ing wanci ngaso, siswa  lan  guru SMA N Satu  Ngaglik,  dhahar sesarengan. Miturut kepala SMA N 1 Nganglik, Subagyo sampun mataun-taun nalika ujian nasional, dipun cawisi tetedhan kangge  siswa ingkang dereng sarapan sarta supados siswa boten tumbas jajanan ing njawi sekolahan. Wragatipun dipun pendhetaken saking Anggaran Belanja Sekolah.

Bupati Sleman, Sri Purnomo nyengkuyung gagasan  SMA N 1 Ngaglik, awit sakelangkung migunani tumrap siswa.

(Subardi)

Share this with friends

Comments are closed.