Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Bupati Bantul Ngestreni Upacara Melasti

Bupati Bantul Ngestreni Upacara Melasti

Bantul, www.jogjatv.tv – Iring-iringan umbul-umbul lan banten ingkang dipun tandhu dening puluhan wiranem lan umat hindhu punika miwiti lampahing upacara melasti dhateng pesisir Parangkusumo Kretek, dinten Minggu (6/3). Sinaosa suwasana benter, nanging umat tetep tumemen tumut lampahing upacara rerangken pahargyan nyepi punika. Dumugi gisiking pesisir, sedaya sesaji lan banten dipun papanaken dhateng papan mirunggan, kalajengaken monjukaken donga dipun pandhegani dening pedande.

Upacara melasti samangke ugi dipun estreni dening Bupati Bantul,Suharsono, ingkang rawuh sesarengan kaliyan Ketua DPRD lan Kepala Kejaksaan Negeri Bantul. Salebeting kalodhangan kasebat, Suharsono nelakaken pakurmatan lan pangalembananipun dhateng umat agama ing bantul ingkang tansah nengenaken tepa selira. Suharsono ugi suka panjurung dhateng sedaya umat agama ing bantul, supados saged netepi piwucal agamanipun.

Laras kaliyan irah irahaning nyepi taun samangke, toleransi dalam keberagaman menuju jagadita, ketua panitia-wayan ordiyasa ngajab supados umat hindu saged tansah tepaselira, sarta tansah tumut mbudidaya mujudi masyarakat ingkang gesang tentrem lan raharja. Upacara melasti dipun pandhegani dening ida pedanda gede duaja, kanthi darma wacana dening i made astra tenaya. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.