Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

bnn penyuluhan dhateng sekolah

bnn penyuluhan dhateng sekolah

solo, www.jogjatv.tv – Kangge ngawekani peredaran narkoba ingkang samangke sampun rumambah dhateng sedaya peranganing masyarakat, Badan Narkotika Nasional (BNN), ngadani sosialisasi dhateng satunggaling Sekolah Menengah Pertama ing Kitha Solo Jawa Tengah. salebeting kridha kasebat BNN ingkang tembayatan kaliyan sawetawis mahasiswa saking pawiyatan luhur ing Kitha Solo, suka sesuluh dhateng para pelajar bab bebayaning narkoba supados para pelajar langkung pana lan nebihi narkoba.

Penyuluhan dhateng sekolahan inggih langkung utawi kupiya kangge ngawekani penyalahgunaan narkoba ing kalangan pelajar. BNN ugi badhe asring nindakaken sosialisasi dhateng sadengah papan lan kalangan, ngengeti Indonesia darurat narkoba awit dados sasaran empuk tumrap para produsen lan bandar narkoba.

Kaajab kanthi kridha kados makaten, para pelajar saged wimbuh seserepan lan langkung dhateng bebayaning narkoba satemah saged mbetengi dhiri saking narkoba. ( Sazadi Abdillah )

Share this with friends

Comments are closed.