Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Bersih Desa Wonosari Trucuk Klaten

Bersih Desa Wonosari Trucuk Klaten

Klaten, www.jogjatv.tv – Warga Padhukuhan Ketandhan, Desa Wonosari, Kecamatan Trucuk Kabupaten Klaten nggelar bersih desa, ngiras ugi kangge mahargya tumapaking Warsa Enggal Jawa. Kepala Desa Wonosari, Mulyanto, mratelakaken, sampun dados lampah adat ing desa punika, saben Wulan Sura warga ngadani upacara bersih desa, ngiras ugi Suran mahargya tumapaking Warsa Enggal Jawa dene ing taun samangke, pucaking bersih desa kanthi pagelaran ringgit purwa sedalu natas, kanthi dhalang Ki Tantut Sutanto Mbabar Lampahan Babad Alas Wanamarta. Pagelaran ringgit purwa saestunipun boten namung mligi tontonan kemawon nanging ugi mbabar piwucal lan patuladhan pasrawungan gesang ing tengah masyarakat.

Saderengipun pagelaran ringgit purwa, dipun pucuki pagelaran karawitan lare Desa Wonosari, kanthi ngaturaken gendhing-gendhing dolanan. Bab kasebat ugi minangka sarana memetri lan ngrembakakaken seni budaya ing papan punika, kanthi pangajab, nalika lare lan rumaja dipun ajak memetri budaya tradisional, badhe nggatra watak utama lan mbudaya, ngiras dados sarana kangge marisaken seni budaya dhateng generasi penerus. ( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.