Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Beladiri Tarung Derajat

Beladiri Tarung Derajat

Sleman, www.jogjatv.tv – Wiwit madeg taun 1968, olahraga beladiri tarung derajat tansaya ngrembaka. Miturut penggagasipun, Ahmad Drajat, kepengurusan cabang olahraga sampun kadhapuk dhateng sedaya provinsi ing Indonesia , kepara sampun kaping 4 dipun gelar tetandhingan tataran nasional lan Asia.

Para atlet beladiri tarung derajat ingkang tetandhingan salebeting Porda kaping 13 DIY taun 2015 ing Kabupaten Kulonprogo , dinten minggu(4/10) siyang katingal greget. Tetandhingan dipun priksani dening guru besar inggih penggagas olahraga tarung drajat, Ahmad Drajat. Sasampunipun tetandhingan, para pengurus sarta para atlet dipun sukani seserepan pigunanipun beladiri sarta cara beladiri ingkang leres.

Jalaran sutresnanipun saya kathah, Ahmad Drajat pitados, olahraga tarung drajat badhe monjo saindenging donya.

Tarung derajat mengku teges perjuwangan kangge nggayuh derajat martabat manungsa ingkang luhur. Awit saking punika atlet tarung derajat sampun ngantos umuk lan degsura, supados migunani tumrap diri pribadi , asanes lan nagari.

(Subardi)

Share this with friends

Comments are closed.