Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Bakul Kolang-Kaling Kelarisan

Bakul Kolang-Kaling Kelarisan

Purworejo, www.jogjatv.tv – Wulan Siyam dados berkah mirunggan tumrap bakul kolang-kaling ing Peken Tradisional Kutoarjo,Purworejo,JawaTengah awit kathahing konsumen ingkang tumbas kolang-kaling tinimbang dinten padatan. Miturut salah satunggaling bakul kolang-kaling, Kemisah, tumapak wulan Siyam, panyadening kolang-kaling laris, sedinten pajeng setunggal kuintal dene reginipun  antawis Rp 10.000,00- Rp 12.000,00 saben kilo.

Miturut para bakul, tumapaking wulan Siyam panyadening kolang-kaling laris dene tengahing wulan siyam sepen lan badhe laris malih, ngantos dungkap lebaran.  Ing wulan siyam samangke ugi mratah bakul kolang-kaling dhateng sadengah peken. ( Pambudi Nugraha )

Share this with friends

Comments are closed.