Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Ayam Pekiran Laris

Ayam Pekiran Laris

Bantul, www.jogjatv.tv – Sinaosa boten dados satunggaling kuwajiban nanging sampun dados adat saben ing wanci lebaran masyarakat ngocal tetedhan sarwa miraos ingkang beda tinimbang dinten padatan. Boten mokal menawi maneka reregan lajeng mindhak awis, antawisipun regi daging lembu. Ngawekani bab kasebat, kangge nyekapi kabetahan daging, sawetawis warga masyarakat lajeng nanjakaken daging ayam pekiran.

Suwasana peken sato iwen ing Bantul katingal regeng awit kathah warga ingkang pados ayam kangge dipun pragad nalika lebaran benjing. Sinaosa boten wonten jaminan kesehatan lan kelayakan saking dinas ingkang kawogan nanging warga boten gadhah pilihan sanes.

Sutarno, salah satunggaling bakul ayam pekiran mratelakaken, ndungkap lebaran samangke kathah warga ingkang pados ayam pekiran. Sadintenipun, ayam pekiran daganganipun saged pajeng antawis 50 ngantos 100 ayam. Ayam pekiran dipun sade kanthi regi antawis Rp.50.000,00 ngantos Rp.75.000,00 gumantung bobotipun.

Wisdi Rustamudi, salah satunggaling warga nelakaken tumbas ayam pekiran awit reginipun langkung mirah tinimbang regi daging ayam potong ingkang samangke ngantos Rp.32.000,00 saben kilonipun dene bab raos, daging ayam pekiran inggih meh sami kaliyan daging ayam kampung satemah ugi tetep trep kangge damel opor lawuh dhahar kupat. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.