Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Atusan Berah Gendhong Nampi Bantuwan Paket Sembako

Atusan Berah Gendhong Nampi Bantuwan Paket Sembako

Yogyakarta, www.jogjjatv.tv – Atusan  berah gendhong Peken Beringharjo Ngayogyakarta, nampi bantuwan paket sembako dhateng Bangsal Wiyoto Projo Kompleks Kepatihan. Kridha kasebat inggih wujud kawigatosan saking bebadan ing wewengkon Pemda DIY kangge para berah gendhong, ngiras kangge mahargya tumapaking pengetan Hari Ibu .

Paket sembako kanthi simbolis dipun pasrahaken dening Garwa Wakil Gubernur DIY, GKBRAy Paku Alam X. Pangeduming bantuwan paket sembako punika mujudaken kridha ingkang ajeg dipun gelar dening panitia pengetan Hari Ibu, inggih nyawijinipun maneka persatuan  istri sawetawis bebadan ing wewengkon Pemda DIY. Miturut ketua panitia, Agnes Paulus, bakti sosial kanthi suka bantuwan paket sembako punika inggih wujud kepedulian sosial, mliginipun kangge para berah gendhong ingkang tansah gadhah greget makarya kangge kulawarga. Kejawi berah gendhong, bantuwan kasebat ugi dipun pasrahaken dhateng para petugas kebersihan awit kawawas ageng labuh labetipun njagi resiking Kitha Ngayogyakarta satemah Ngayogyakarta katingal resik tumata lan ngremenaken kangge lampah wisata.

Bantuwan paket sembako isi uwos, gendhis, lisah goreng lan mie sarta sawetawis arta punika kawawas mbiyantu sanget tumrap para berah gendhong, sawetawis saged kangge nyekapi kabetahan balewisma.

Kanthi wontenipun bantuwan paket sembako kados makaten, kaajab saged ngentheng-enthengi sesangganipun para berah gendhong nalika samangke maneka regi kabetahan baku mindhak. ( Fauzan Ahmad )

Share this with friends

Comments are closed.