Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

ATBM Ing Jaman Modern

ATBM Ing Jaman Modern

Klaten, www.jogjatv.tv – Jaman modern samangke, limrahipun maneka kridha dipun garap ngginakaken mesin awit langkung cepet,  irit, lan  rapi. Sinaosa makaten, ing Klaten, Jawa Tengah , taksih wonten satunggaling perajin ingkang makarya ngginakaken piranti tradisional, damel lurik ngginakaken Alat Tenun Bukan Mesin (ATBM).

Papan produksi lurik, Yoga Art, ingkang dumunung ing Desa Bowan, Kecamatan Delanggu, Klaten Jawa Tengah regeng. Para perajin damel  badhe  lurik ngginakaken  ATBM. Miturut Pengusaha Yoga Art, Sandiyo boten saged dipun selaki menawi  samangke kathah perajin lurik ingkang ngginakaken mesin. Ewa semanten Sandiyo badhe njagi lestarining produksi tenun lurik ATBM. Kupiya kasebat dipun lampahi awit samangke kathah perajin tenun lurik ingkang gantos ngginakaken mesin , pramila saya kathah berah ingkang kendel nenun. Awit saking punika, Sandiyo suka kalodhangan usaha tumrap penenun minangka pakaryan samben, awit pakaryan bakunipun inggih petani.

Sandiyo ugi mratelakaken, samangke wonten 60 penenun ingkang dipun dayakaken, amrih lestarining lurik ATBM awit ing Klaten talsih wonten 5 ewu perajin lurik tradisional. Sinaosa makaten, mratahipun lurik modern, sabotenipun njalari  2 ewu penenun  lurik tradisional kecalan pakaryan.

 

(Haryadi)

Share this with friends

Comments are closed.