Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Ambal Warsa Basarnas

Ambal Warsa Basarnas

Gunungkidul, www.jogjatv.tv – Kangge mengeti ambal warsanipun ingkang kaping 44 taun Badan SAR Nasional ngadani bakti sosial lan usada lelahanan kangge warga, mapan dhateng Baledesa Karang Rejek, Gunungkidul. Sawetawis kridha sosial dipun gelar antawisipun operasi katarak, usada lelahanan lan ngedum ewonan sembako dhateng kulawarga miskin. Kepala Badan SAR Nasional Marsekal Madya Fh Bambang Soelistyo, mratelakaken kejawi mengeti ambal warsa Basarnas, kridha sosial punika ugi minangka wujud pengabdian dhateng masyarakat. Miturut Bambang, punapa ingkang dipun sumbangaken dening Basarnas dhateng masyarakat, dereng imbang kaliyan kabetahan masyarakat.

Kepala Basarnas ngajab kanthi tambahipun umur, Basarnas ugi saya mempeng anggenipun nyangkul ayahan mliginipun salebeting penanganan bencana. Awit saking punika Basarnas ugi sampun nindakaken modernisasi piranti kalebet pesawat lan helikopter, sarta piranti moderen sanesipun. ( Anjar Ardityo )

Share this with friends

Comments are closed.