Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Agrowisata Merapi Farma Herbal

Agrowisata Merapi Farma Herbal

Sleman, wwwjogjatv.tv – Tumrap panjenengan ingkang badhe ngenggar-enggar penggalih sinambi gladhen ngracik jampi, saged rawuh dhateng Merapi Farma Herbal ingkang dumunung ing Desa Hargobinangun, Pakem Sleman.

Merapi Farma Herbal, inggih satunggaling agrowisata perkebunan sarta papan kangge ngocal jampi. Perusahaan kasebat inggih gadhahanipun Sidik Raharjo, ingkang madeg taun 1999. Kawitanipun Merapi Farma Herbal namung mligi pabrik jampi godhog nanging sasampunipun wonten panaliten lan kathah welingan saking konsumen, Sidik lajeng nindakaken diversifikasi produk, kanthi ngracik “jamu herbal corner”, inggih kafe jampi. Kafe kasebat boten namung mligi nyawisaken jampi kangge obat nanging nyawisaken resep jampi ingkang aman dipun unjuk saben dinteningkang ugi nyawisaken ekstrak jampi garing.

Ing laladan ingkang wiyaripun 3,5 hektar kasebat ugi wonten tamanipun inggih Traditional Park. Dhateng taman kasebat cumawis papan outbound sarta dolanan tradisional. Salebeting tur terprogram, warga ingkang dhateng ugi dipun sukani kalodhangan ngubengi kompleks lan dipun gladhi ngracik jampi tradisional. Tumrap warga ingkang nyipeng, dipun cawisaken wisma dene tumrap ingkang badhe tumbas souvenir saged mundhut dhateng “The Natural Souvenir”, ingkang racakipun bab jampi. Kajawi kangge pusat budidaya dan penelitian jamu, Merapi Farma ugi dados Pusat Penelitian Pertanian Pedesaan Swadaya kangge gladhi lan suka seserepan cara nanem taneman herbal sarta suka fasilitas program magang lan penelitian biofarmasi, kangge promosi jampi.

Sidik Raharjo greget nglestantunaken lan ngrembakaken jampi minangka obat tradisional lan warisan budaya awit saking punika pehakipun badhe nglajengaken panaliten supados saged ngracik maneka obat tradisional.

(Tim Liputan)

Share this with friends

Comments are closed.