Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

17,5 Hektar Taneman Pantun Rebah

17,5 Hektar Taneman Pantun Rebah

Sleman, www,.jogjatv.tv – Jawah deres sinartan barat ageng, sawetawis dinten pungkasan njalari pitulas setengah hektar taneman pantun ing Sleman, rebah. Miturut sanak kadang tani ing tlatah Godean, rebahipun taneman pantun njalari gabah rontok, asil panen mandhap, wekdal kangge panen dangu dene mutu uwos awon satemah nandhang kapitunan kathah.

Miturut Kepala Dinas Pertanian Perikanan Dan Kehutanan Kabupaten Sleman, Widi Sutikno, taneman  pantun ing Sleman ingkang rebah jalaran katrajang barat ageng, awit pangaribawa  cuaca eksrtim kasebat antawisipun dumados ing Kecamatan Godean, Seyegan, Gamping, Tempel, Prambanan lan Kalasan.  Miturut pandugi, barat ageng taksih badhe asring tumempuh pramila Widi Sutikno suka pamrayogi supados taneman pantun ingkang sampun sepuh tumuli dipun panen. (Subardi)

Share this with friends

Comments are closed.